Jumat, 15 Agustus 2008

arya penangsang

Arya Penangsang iku kadipaten Jipang Panolan nyata sekti mahambara, bebasan tinatah mendat jinara menter ora tedhas tapak palune pandhe sisaning gurenda. Kadigdyane pilih tandhing awit saka wejangane Sunan Kudus. Agemane wujud wangkingan kang dadi sipat kandeke aran Kyai Brongot Setankober tansah disengkelang saya nambahi kawibawane. Ing bab sampurnane ulah kanoragan ora dimerekake siswa-siswa liyane.
Amarga pancen dheweke wiwit cilik tansah dituntun, digembleng sarta ginadhangake bisoa nyekel panguwasa ing tanah Jawa dening Sunan Mranti ya Sunan Kudus.
Mung emane Arya Jipang watake brangasan ora sabaran, cengkiling mara tangan. Tandange sok grusa-grusu lan binobot tuna dungkape.
Ing wayahe lagi angeca-eca nglaras rasa dhahar kesaru krungu wong gero-gero nangis kelaran. Awit saka keparenge sang Adipati kang sesambat kaiden marek. Gurawalan abdi dalem njero sumusul, bebasan abdi kang kinarsakake.
Kaget Arya Jipang Panolan pirsa pekathik kang sambat-sambat awake gudras getih. Pekathik nyembah ngambung lemah, tangane sing siji nutupi kupinge sing tatu irisan.
“Pekathik, ngapa sesambat gawe kaget?” pandangune karo isih nerusake dhahar.
“Dhuh Gusti pepundhen kula, agul-agule para soreng Jipang Panolan. Mugi tinebihna ing pidana angluberna ing pangaksama,” ature pedhot-pedhot.
“Hah aja kakehan cengkok. Elekna mripatmu uliren nalarmu. Lamun ora tak ngapura wis tak tugel gulumu marga gawe kagetku. Aku butuh wangsulan, apa sababe gembar-gembor awakmu gudras getih,” ngendikane sara medhot ature pekathik. Pekathik lali larane, wedi wel-welan cayane abang mori.
“Gusti, nalika kula saweg ngrumput, kuping kula dipun iris tiyang,” ature ora lancer.
“Sapa sing ngiris, apa sababe, apa kowe nyolong marga kurang peparingku?”
“Mbo-mboten Gusti. Kuping kula dipuniris dipun gantos nawala,” ature pekathik ora sampurna, jempole nuduhake nawala kang dislempitke ing iket sandhuwure kuping sing diiris.
Menyat Arya Penangsang nyaut nawala banjur dibukak, gya winaca.
“Heh mundura Penangsang Jipang Panolan.
- Ing prang anggirisi
- Nanging lamun sira
- Wus sekti mandraguna
- Sutawijaya kang wani
- Tepi narmada
- Sore angenti tandhing.”
Brebel abang mangar-mangar pasuryane Arya Penangsang. Sast pulih tulisane mangsi abang Dupi antuk layang panantang. Sikile nggedruk nganti jogane dhekok sak lumping. Tangane nggebrak meja, mawut pepancen kang ana meja, nganti lali yen lagi dhahar.
“Heh Danang Sutawijaya. Kaya lanang-lananga dhewe, bocah sore wingi wani nantang.”
Soreng yuda, abah-abahana Gagak rimang.
Abdi soreng sing atine kekes kaya dijos es batu, sanalika cekekal tumandang gragap-gragap astane Arya Penangsang eling pusaka piyandele kyai Brongot Setankober. Bareng wis cetha yen isih disengkelit brabat metu. Tekan njaba nyaut kendhali nyengklak titihan.
Gagak rimang dudu sembarangan jaran. Pawakane gedhe dhuwur, ules ireng ngelar kombang. Kejaba tegare pilih tandhing atine wis jumbuh karo bendarane. Kepriye sing disasmitakake dening bendarane tansah cocok, gawe mareme. Mula gotheking akeh jaran kelangenane uga duweni kaluwihan saengga ora ana sing wani nunggang awit saka ringase.
Nanging wektu kuwi Gagak rimang ora kaya padatan. Kaya-kaya mbangkang prentah. Upama bisa caturan bakal kewetu tembung:
“Oh, Gusti bendara kula. Penjenengan sampun kesesa naming kadereng ing manah bureng. Bilih badhe andon yuda kedah sangu saha serep ing samukawisipun, kanthi petang ingkang mremet agal lan alusinipun. Menawi ngantos nilar ing kaprayitnan tundhonipun badhe damel apes.”
Nanging gandheng kewan ora bisa tata jalma bisane mung mbelot ora tumandang. Arya Penangsang kang ora tanggap solahe jaran malah saya waringuten. Agahan ndudut cemethi gya sineblak sarosane. Bawane wong kang wis nutug tarak brata ulah kanoragan, swarane cemethi keprungu jumedher kaya mbledhose bedhil Aka.
Jenggirat! Gagak rimang njola kena cemethi. Kupinge njepiping, matane pendiringan. Tuwuh sipat asale, lali mring bendara. Brubut playune sasat lunik. Kesampar tracake Gagak rimang kricak-kricak pating pencelat. Lemah teles pating pencorot, lemah garing kumebul dadi bledug. Nganti saka kadohan mung katon bleduge kang mabul-mabul kaya asepe solar.
“Sutawijayaaa………mrenea jebeng! Tak odhol-odhol wadhukmu. Iki Arya Penangsang, gegedhunge Jipang Panolan!” pambengoke saka kadohan.
Kocap Sutawijaya kang wus satata ing perang, ora mangsuli. Saka kadohan ngathung-athungake tumbake. Manut krenahe Ki pemanahan, Jurumartani lan Panjawi kang mremet petung agal aluse. Sakabehing kedadeyan ing peperangan iku bakal klakon kaya sing diangen-angen.
Gagak rimang sing wis tuwuh sipat asline, bareng weruh jaran wadon sing ditumpaki Sutawijaya kegugah birahine. Datan taha-taha sanalika ngrubyuk nyabrang kali Sore arep ngrabeni. During kongsi tekan pentasan tumbake Sutawijaya mapak njojoh wetenge Arya Penangsang, tanpa mindho gawe Sutawijaya nyendhal lising jaran, klepat mbedhal angedoh!
Arya Penangsang sing during kober endha, kena tumbak ing lempenge, getihe mancur, ususe mbrodhol. Tatune ora dirasakake, ususa nglawer digubedake ing mendhok kyai Brongot Setankober. Kendhali sinendhal ngenget, jaran mlumpat mburu mungsuh. Playune saya banter, ciptane mung bisa enggal males. Gagak rimang pancen jaran pilih tandhing, sedhela wae Sutawijaya wis ketututan.
Sutawijaya kang during winayah ing babagan perang tandhing kena disaut dicengkerem saka mburi.
Kang ndulu kahanan padha ngedhap yen Sutawijaya bakal nemahi pati. Atine Ki Panjawi kumitir, saiba dukane Sinuwun pajang lamun putra angkate tumekeng pralaya.
Ki Pemanahan lan jurumartani megeng napas, bisane mung mupus marang sakabehing kodrat.
Awit saka adreng lan ubaling kanepson marang bocah kang dianggep kumenthus, Arya Penangsang lali marang pribadhine kang wus nadhang tatu. Grayah-grayah tangane ndudut keris kyai Brongot Setankober. Landheping pusaka mbeset usus kang wis muntel-muntel nggubet sanalika pedhot rantas, kang banjur nemahi pati. Gumebrug layone Arya Penangsang ketindhihan Sutawijaya kang tiba krengkangan.
Kanggo ngeling-eling peperangan wong Mataram yen ngagem keris banjur disampiri reroncen kembang kaya Arya Penangsang kang lagi ngrangsang perang.
Liput panjangkane Arya Penangsang sing kepengin jumeneng ratu, sirnane nemahi cunthel critane.
karya imam andrian lan kanca2
Kapethik saka: Panjebar Semangat edhisi: 6, 1981
kanggo tugas basa jawa ing kelas X
SMAN 1 Magelang

Tidak ada komentar: